Dhandang Gula di Percaya untuk menangkal santet, pulu gantung, kasus bunuh diri, dan kejahatan lainya
A. Ana kidung rumeksa ing wengi
Teguh ayu luputa ing leloro
Luputa bilahi kabeh
Jin setan datan purun
Paneluhan tan ana wani
Miwah panggawe ala
Gunaning wong luput
Geni atemahan tirta
Maling adoh tan ana ngarah mring mami
Guna duduk pan sirno
Sakeh ngama pan sami miruda
Welas asih pandulune
Sakehing braja luput
Kadi kapuk tibaning wesi
Sakehing wisata tawa
Satos galak lulut
Kayu aeng lemah sangar
Songing landhak gumawing wong lemah miring
Myang pokiponing merak
C. Napasku Nabi Musa linuwih
Nabi Yakub pamyarsaningwang
Yusuf ing rupaku mangke
Nabi Daut swaraku
Jeng Sulaiman kasekten mami
Nabi Ibrahim nyawaku
Edris ing rambutku
Bangendha Ali kulitingwang
Getih daging Abu bakar singgih
Balung Bangenda Usman
Sumsumingsung Fatimah linuwih
Siti Aminah banyuning angga
Ayub ing ususku mangke
Nabi Nuh in jejantung
Nabi Yunus ing otot mami
Netraku ya Muhammad
Pamuluku rasul
Pinayunan Adam sarak
Sampun pepak sakathaing para nabi
Dadya sariro tunggal
Apan pencar saisining jagat
Kasamadan dening date
Kang maca kang angrungu
Kang anurat kang anyimpeni
Dadi ayuning badan
Kinarya sesembur
Yen winacaknan ing toya
Kinarya dus rara gelis laki
Wong edan nuli wara
E. Lamun ana wong kadhendha kaki
Wong kabanda wong kabotan utang
Yogya wacanen den age
Nalika tengah dalu
Ping sewelas wacanen singgih
Luwar saking kabanda
Kang kandhendha wurung
Aglis nuli sinauran mring hyang
Sukma kang utang puniku singgih
Kang angring nuli waras
F. Lamun arsa tulus nandur pari
Puwasa sawengi sadina
Inderana galengane
Wacanen kidung iku
Sakeh ngama sami abali
Yen sira lunga perang
Wateken ing sekul
Antuka tigang pulukan
Musuhira rep sirep tan ana wani
Rahayu ing payudan
G. Yen kinarya atunggu wong sakit
Ejin syaitan tan wani angambah
Rinekseng malaikat
Nabi wali angepung
Sakeh lara pada sumingkir
Ingkang nedya fitnah
Marang anak ingsun
Rinusak dening pangeran
Iblis laknat sato mara pada mati
Tumpes tapis daya
H. Gunung sewu dadya pager mami
Katon murub sakehing tumingal sirna
Salwir lara kabeh
Luput ing tujuh teluh
Tarang nyana tenung alenggi
Mondhong gambar suminggah
Sri sadana lulut
Puniku sri rahmmatullah
Rahmat jati jumeneng rahmat jasmani
Iya sang jatimulya
I. Ana kidung sun angidung wengi
Bebaratan duk amrem winaca
Batara Guru pangadega
Lumaku Sang Hyang Bayu
Alembeyan Asmara-ening
Ngadeg pangawak teja
Kang angidung iku
Yen kinarya angawula
Myang lelungan gusti getting dadi asih
Syaitan sato sumimpang
J. Sakatahing upas tawa sami
Lara roga waluya nirmala
Tulak tanggul kang panggawe
Duduk pada kawangsul
Katawuran sagunging zikir
Ngadam makdum sadaya
Datanapa pangrungu
Pangucap lawan pangrasa
Myang paningal kang sedya tumeka nafi
Pangreksanig malaikat
K. Jabaril ingkang angemoni
Milanipun katetapan iman
Ddi angandel atine
Ijrail puniku
Kang rumeksa ing pati urip
Israfil dadi damar
Padang jroning kalbu
Mikail kang angsung sandang
Lawan pangan enggale katekan kapati
Sabar lan anarima
L. Ja Hu Zat njeng pamujining wengi
Bale'arasy sesakane mulya Kirun (Munkar)
Sakatengen nggone
Wa nakirun (Nakir) atunggu
Saka kiwa gadange wesi
Nulak panggawe ala
Satru lawa mungsuh
Pangeret taraju'rrijal
Ander-ander kulhu balik kang linuwih
Ambalik lara roga
M. Sing sapa reke bisa nglakoni
Amutiya lawan anawaa
patang puluh dina wae
Lan tangi sabar sukuring ati
Insya Allah tinekan
Sakarsanireku
Tumrap sanak rakyatira
Saking sawabing ngelmu pangiket mami
Duk aneng Kalijaga
J. Sakatahing upas tawa sami
Lara roga waluya nirmala
Tulak tanggul kang panggawe
Duduk pada kawangsul
Katawuran sagunging zikir
Ngadam makdum sadaya
Datanapa pangrungu
Pangucap lawan pangrasa
Myang paningal kang sedya tumeka nafi
Pangreksanig malaikat
K. Jabaril ingkang angemoni
Milanipun katetapan iman
Ddi angandel atine
Ijrail puniku
Kang rumeksa ing pati urip
Israfil dadi damar
Padang jroning kalbu
Mikail kang angsung sandang
Lawan pangan enggale katekan kapati
Sabar lan anarima
L. Ja Hu Zat njeng pamujining wengi
Bale'arasy sesakane mulya Kirun (Munkar)
Sakatengen nggone
Wa nakirun (Nakir) atunggu
Saka kiwa gadange wesi
Nulak panggawe ala
Satru lawa mungsuh
Pangeret taraju'rrijal
Ander-ander kulhu balik kang linuwih
Ambalik lara roga
M. Sing sapa reke bisa nglakoni
Amutiya lawan anawaa
patang puluh dina wae
Lan tangi sabar sukuring ati
Insya Allah tinekan
Sakarsanireku
Tumrap sanak rakyatira
Saking sawabing ngelmu pangiket mami
Duk aneng Kalijaga
Baca Juga : PUPUH PANGKUR